Tuesday, November 5, 2013

Nulis Tembung Lingga lan Tembung Andhahan

  1. Tembung Lingga (Kata Dasar)
         Yaiku Tembung kang durung owah saka asale, kang durung oleh imbuhan aoa-apa, utawa kang isih wungkul, isih bwantah utawa isih asli.

Tuladha :
  •       Turu
  •      Mustaka
  •      Tulis
  •      laku
  •      Caping
  •      Tangis
  •       Pari
  •      Pangan
  •      Pati  
    2.    Tembung Andhahan

Yaiku tembung kang wis owah saka asale. Tembung andhahan dumadi saka tembung lingga kang oleh imbuhan utawa tembung lingga kang wis dirimbag. Owah - owahan iku bisa awujud :
  •      Wuwuhan (imbuhan)
  •      Nggrangkep tembung (kata ulang)
  •      Nyambor tembung (kata majemuk)
Salh sawijining cara ndhapuk tembung andhahan iku kanthi menehi wuwuhan, wuwuhan iku ana telu yaiku :
  1.      Ater - ater
  2.      Seselan
  3.      Panambang
  4.      Wuwuhan gabung

No comments:

Post a Comment