Monday, January 13, 2014

UNGGAH – UNGGUH BASA


  a.     Basa Ngoko Andhap (Ngoko Alus)
 
Wujude :

Tembung kanggo awake dhewe migunakake basa ngoko. Tembang kanggo wong ke loro lan wong ke telu. Migunakake basa krama inggil. Tuladha :
 
1.      Aku mangan, bapak adus => Aku mangan bapak siram
2.      Bapak turu, aku adus => Bapak sare, aku adus (Ing krama madya dadi : Bapak sare kula adus)


Manut unggah – ungguh basa jawa, kebagi dadi loro yaiku :

1.      Basa Ngoko, dipilah dadi loro yaiku :
a.      Basa Ngoko Lugu :  Basa ngoko kabeh ( lajur 1 )
b.      Basa Ngoko andhap / Ngoko alus : Basa Ngoko, kecampuran basa krama inggil (lajur 3) lajur I + III. Kanggo wong sing di ajak guneman (wong ke II) + sing di omong (wong ke III)
#) Tuladha :
Ibu menyang kantor => Ibu tindak kantor
Bapak mangan lonthong => Bapak dhahar lonthong

1.      Basa Krama Alus
Tembang – tembang kanggo wong ke siji (Awake dewe), nganggo basa madya (lajur II), tembung – tembung kanggo wong ke II lan ke III nanggo lajur ke III (krama inggil).

#) Ngoko lugu : Ibu tuku beras ing toko numpak sepedha
                         : Ibu mundhut wos wonten toko nitih sepedha

No comments:

Post a Comment